Senin, 03 Mei 2010

Pidato Dengan Menggunakan Bahasa Jawa II

PIDATO BOSO JOWO ACORO
TULADHA ATUR PASRAH LAMARAN

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun

Panjengeanipun para pepundhen, para pinisepuh ingkang tansah angudi dhumateng pepohyanging kautamen, saha pantes tinulad tuwih kinabekten, menapa dene panjenganipun para tamu putri miwah kakung ingkang saestu pantes nampi ingkang boja krami.

Khanti tansah angunjukaken puja puji sykur wonten ngarsan-Ipun, mugia tansah r ahayu sagung dumadi ing salama-lami, kalebet kula panjengan sedaya. Amin. Amin Ya Rabbal’alamin

Nuwun sewu mugi tansah tinebehna saking tulak sarik menapa dene bebendu, dene kula cumanthaka kumawantun marak sowan anggempilkamardikan panjenengan sedaya ingkang saweg samya ecapangandikan., inggih awrt mundhi dhawuh timbalan saking Ibu-Bapak ( ……………….. ) saperlu jejibahan luhur mennangka duta saraya sulih panjenengan ipun Bapak/Ibu (……………………..) Ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan, kula minangka sulih sarira saking panjeneganipun Ibu-Bapak(……………………… ) ingkang sepisan ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenenggan, sumramba para kulawarga semudayanipun

Jangkep angka kaping kalih, ingkang nguni sampun wonten pirembagan ing antawisipun Bapak-Ibu (asmo piyayi sepuh ingkang dipun Lamar), angadhahi putro kakung sesilih pun Bagus ( Pengaten Kakung ) kalian Bapak/ibu (…………) ingkng kagungan putaputri asesilih gendhukgolong giliging rembag nedya anuntumaken balung pisah daging renggang, bebasan angembun –embun enjang anjejah sonten (saking tembung awun-awun lan rarabi ), amdhodhok ing latar andhodhong lawang sumedya nginag jambe seruhe, rasa miwah karsa ingkang menika saking adrenging manah panjengnenganipun Bapak/Ibu (………) anggenipun katampi pangalamaripun pramila ing wekdal menika ngaturaken sranasarana miwah upakarti minangka jangkeping tata cara seserahan.

Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Ibu/Bapak (………………….) inggih menika:

- Sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun kanthi pangajabing sedya minangka sarana sahipun sesanggeman saha reketing kekadangan, saenggo boten pisah ing salami-laminipun

- Ageman ingkang awujud ( ageman ingkang dipun aturaken ) minangka sihnaning katresna Ibu/Bapak (………… ) pun gendhu (penganten putri )

- Ndungkep atur angka tiga boten kesupen bapak/Ibu (………….) ngaturaken dana awujud arto, kenginga kadamel angentheng-enthengi anggenipun ibu/ bapak (……………) anetepi darmaning asepuh inggih amengku gati amiwaha putra.

Kajawi menika, panyuwunipun Bapak/Ibu (…………….) ing benjang menawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna sarta kapangihna miturut satataning agami saha adat ingkang sampun kalampah wonten ingkang sampun kalempahan wonten ing ngriki wiwtit alam kuna ing uni (…………..)

Minongka pungkasan atur, mbok bilih Bapak/ibu (…………….) anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kuciwa lan kirangipun, mawantu-wantu tansah nyuwun agunging samudra pangaksama. Semanten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenenganipun Ibu/ Bapak (…………..), menawa wonten gelap-gangsureling atur, gonya-ganyuking wicara miwah boten jangkep ing unggah-ungguh lan tata basa saengga adamel runtiking wardaya, saestu naming tansah nyuwun lumunturing sih samudrapangaksami.

Akhirul kalam, wa bilahit taufik wal hidayah

Wassalamu’alaikum Wr Wb

sumber:ojolali-yo.blogspot.com/

3 komentar:

sidikbroken mengatakan...

wah makasih nichk membantu bangget u/ tgas gue :)

KEPERING NEWS. COM mengatakan...

Oke nih mantab mksih omom sgt membantu

KEPERING NEWS. COM mengatakan...

Oke siib

Posting Komentar